Thursday, August 24, 2006

Selinco


Kala sedayanipun katon dipun paksakaken, mboten wonten ingkang murni maneh. Ingkang wonten namung nepsu kangge dados luwih lan luwih saking liyane. Kocapan mboten cekap namung setunggal menit. Carito mboten cekap namung setunggal halaman. Pepanggihan mboten cekap namung kaleh dino sepisan.

Katon sisah kagem meneng lan contemplate (menika radi sisah dipun terjemahaken). Karoso sisah menawi mboten dipun rungokaken. Karoso sisah menawi mboten dipun turuti. Hawa Nepsu menika inti saking sedayanipun. Tansah dipun gondeli kaliyan roso kepenak. Rumongso kepenak menika mboten klentu menawi roso kepenak menika kagem sedoyo manungso.

Kulo lajeng eling kolo kulo tindak dhateng Mirota Batik Yogyakarta kagem pados bathik lan klambi kagem mantenannipun rencang. Rampung anggenipun pados ingkang dipun kersani, kula keliling – keliling wonten ing njeronipun toko. Wonten kathah keris ingkang dipun pajang, lan wonten tengah – tengahipun keris – keris menika, wonten selembar kertas ingkang uni – uninipun mekaten:

Musuhmu kasoran, yen balamu tansah wani. Saktemene perang tumrap awake dhewe iku lamun ora bisa meper hawa nepsu.

Hawa nepsu tansah mewujud wonten ing tingkah laku ingkang mboten sak mesthinipun. Lajeng pripun caranipuin kito saged ngertos mbok bilih tingkah laku kito meniko leres punopo mboten.

Perbuatan-perbuatan buruk yang telah dilakukan, akan menimbulkan penyesalan! Akibatnya akan diderita dengan ratap tangis, dan wajah yang penuh dengan air mata.
Perbuatan-perbuatan baik yang telah dilakukan, tidak akan menimbulkan penyesalan. Akibatnya akan dinikmati dengan kebahagiaan, dan penuh dengan kegembiraan.
(Dhammapada V, 67-68)

Sumonggo sami meneng , ngerasakke lan ngrungokaken penggalih kito sedoyo lan pados sisik melik opo ingkang musti dipun lakoni.

Sumonggo.


No comments: