“Kelangan bondo iku ora ono opo – opone. Kelangan nyowo iku mung sebagian. Kelangan kepercayaan iku kelangan kabeh.” (Sri Sultan Hamengkubuwono XI)
Dumugi wonten Mbantul, setu enjing. Betah setunggal jam kagem dumugi wonten Mbantul saking kitho Jogja. Sareng kaliyan Bacon lan mbak Etik nitih mobil. Kathah carito ingkang dipun tuturaken mbak Etik lan Bacon. Ngobrol ngalor ngidul ngantos dumugi bab gempa bumi ingkang kedadeyan tanggal 27 Mei 2006. Kathah crito ingkang gayeng, regeng lan ngiris ati.
Lajeng mbak Etik nyaritakaken pangandikanipun Sri Sultan Hamengkubuwono XI dumateng wargo Jogja ingkang dados korban gempa bumi. “Kelangan bondo iku ora ono opo – opone. Kelangan nyowo iku mung sebagian. Kelangan kepercayaan iku kelangan kabeh.” Wonten kaleh coro anggenipun mangertosi punopo ingkang sampun dipun ngendikakaken Sri Sultan.
Coro ingkang kapisan injih menika coro ingkang prayogi lan positip, bilih kito dipun aturi pasrah lan sumeleh dumateng ingkang dumadi lan mboten rumongo nelongso amargi bencono ingkang sampun kedadeyan. Wonten setunggal banner ingkang dipun pasang celak stasiun kereta api Tugu. Menawi panjenengan tumindak dhateng maliboro saking margi sultan agung (tugu jogja). Panjenengan dumugi wonten stasiun tugu ingkang wonten tengen. Banner meniko wonten ngajengipun panjenengan, pas wonten pertelon. Tulisan wonten banner meniko mekaten, “Ojo nelongso kabeh seko sing kuwoso. Ayo mulai ditoto.”
Coro ingkang kaping kalih injih meniko coro ingkang mungkin mboten radi prayogi alias negatip. Bilih Sri Sultan ngaturi kawulo Jogja supados tetep percoyo kaliyan Sri Sultan. Sri Sultan badhe pados upoyo supados wargi Jogja saged nggegayuh panguripan ingkang sami kaliyan sakderengipun bencono. Ananging Sri Sultan mangertos bilih meniko betah wektu lan arto ingkang mboten sekedik. Sri Sultan kedah maringi kekiyatan dumateng kawulo Jogja. Gusti Ratu kedah nyepeng kepercayaan wargi ananging ugi maringi pengarepan bilih sedaoyonipun saged dipun tangani.
Kepercayaan katon utomo kagem poro wargi Jogja. Kepercayaan dumateng Gusti Ratunipun, lan kepercayaan dumateng Hyang Widhi. Kepercayaan diri mboten nate dipun bahas. Sedoyonipun saking Gusti Ratu lan Hyang Widhi. Pasrah lan berserah. Sakderengipun wonten agomo, kawulo Jawi sampun semedhi lan ngendikan kaliyan Hyang Widhi.
Lajeng agama meniko kagem nopo?
Wednesday, August 30, 2006
Subscribe to:
Post Comments (Atom)

No comments:
Post a Comment