Thursday, August 24, 2006

Omongane *su

Tulisan ingkang sak menika kula damel, luwih amargi saking rasa ingkang kula rasakaken enjing menika. Sedayanipun ingkang kula punapa panjenengan angen-angenaken, tansah dipun pertimbangaken kaliyan ingkang wonten nginggil.

Kadang – kadang, kita sadaya saged nggegayuh punapa ingkang kita impen – impenaken, Nanging wonten ugi ingkang mboten saged kita sadaya gegayuh. Lha, nek wis ngono kuwi biasane nesu, sedih utawa kagol atine. Lha wong mesthi impen-impen utawa angen-angene wis kecampuran karo emosi kok.

Sing wonten nginggil nika rak mesthi maringi napa sing BENER kagem kita sedaya. Dadi, sakjane mboten wonten tiyang ingkang saged ngendikal napa sing bener nek mboten tiyang menika dipun agem kaliyan Hyang Widhi. Lha terus sing diagem kaliyan Hyang Widhi menika sinten mawon nggih?

Sakjane niku sampun njawab pitakenan kula lho, injih menika, punapa ta sak jane KEBENARAN menika?

Kok wonten beberapa tiyang ingkang saged ngendikan bilih niki lho sing bener, PENDAPAT kula lho ingkang paling leres. Rumangsa paling bener, paling ampuh nganti wong liya diidak idak pikirane karo pendapate. Lha kok nyimut!! Emange sopo kowe? CRIGIS!

Kok ndadag mikir pendapat e wong liya. Wong liya ki podho ASUne kok karo asu. Aku yo podho ASUne karo wong – wong kae. Lha wong aku yo wis melu – melu rumangsa paling bener kok.

Esok tempe sore dele. Leda lede.

Rumangsane wis ngomong paling bener, ning ora nate ngrasakake sing dirasakake wong liya.

Ora nate mikir nek aku ngomong ngene ki wong liya mikire piye.

Nyuwun sewu kagem sedaya ingkang maos tulisan menika. Kula menika namung pengen ngertos nek kula lagi nesu terus ditulis ki metune kaya apa.

Dadi rasah dinilai. Kaya cah sekolahan wae.

Ning aku khan ya ra isa meksa ya?!

Yo wis sak karepmu lah.

Jan, cen kabeh ki asu tenan

Guk guk guk ........................ aaaaaaaauuuuuuuuuuuuuuuuuu

Nyuwun sewu njih, Su. Njenengan wis tak padhake karo manungsa.

No comments: