Thursday, August 24, 2006

Durung Dhuwur

Sedoyonipun mesthi berubah. Sedoyonipun mboten wonten ingkang pasti. Karoso melas ing gangsal menit lajeng saget rumongso gayeng ing sedoso menit. Gumujeng ing sedoso menit lajeng saget nangis ing wolong menit. Dipun betahaken wektu ingkang radhi sa’untara kagem kula mangertosi bilih sedayanipun mboten mesthi sami. Lan kulo angsal pemikiran menika kulo pendet saking impen – impen kulo lan punopo ingkang sampun kedadeyan wonten sekitar kulo.

Kulo sampun mboten saget mbedakaken kanyatan kaliyan impen – impen. Impen – impen ingkang sampun maringi kehidupan lan gegayuhan ing sedoyo tumindak lan pangucap kulo. Njih, sedoyonipun amargi saking impen – impen. Lan kulo taksih wonten mriki amargi saking impen – impen. Nanging kanyatan menika benten. Kanyatan sampun maringi keseimbangan kagem impen – impen. Kanyatan kaliyan impen – impen sampun maringi warno – warni. Warno- warni ingkang kadang – kadang mboten kulo karepaken.

Kulo tansah kepingin wonten setunggal sisi mawon. Kulo wonten gegayuhan bilih kulo kedah milih kanyatan punopo impen - impen. Lan kulo sampun milih badhe damel panguripan wonten impen – impen. Panguripan ingkang mboten damel tiyang sanes sedih. Panguripan ingkang mboten damel tiyang sanes nesu. Panguripan ingkang mboten damel tiyang sanes kuciwo. Panguripan ingkang kulo damel piyambak. Kulo ingkang saget mesthekaken kapan kulo kedah gumujeng, kapan kulo kedah nangis lan kapan kulo kedah nesu. Panguripan ingkang kulo ciptakaken supados sedayanipun seimbang lan wonten wektu ingkang tepat. Kulo ingkang nyiptakaken tiyang – tiyangipun lan kulo ingkang nyiptakaken sipat lan tumindakipun. Nanging kulo njih saget damel sedoyonipun dipun mulai saking awal malih amargi kesalahan ingkang sampun kulo damel wonten plotipun. Saking kesalahan menika, kulo damel carito ingkang anyar ngagem tiyang ingkang sami.

Kulo pengen mangertos mbok bilih Hyang Widhi injih mikir mekaten. Lajeng damel panguripan anyar ngagem ruh ungkang sami lan punopo ingkang ruh meniko damel ngagem rogo anyar menika dipun nameni karma. Kulo kaliyan sedoyo mboten mangertos bilih kito sedoyo sampun damel kesalahan. Kulo kaliyan sedoyo mboten mangertosi punopo inkang bener – bener BENER ing donya niki. Kulo namung semut wonten donya ingkang ageng menika. Kulo namung semut ingkang sampun dipun ciptakaken kaliyan ingkang wonten nginggil. Mbok bilih kulo damel kesalahan, kulo kedah mbayar sedoyonipun ngagem rogo ingkang anyar.

Nanging sak meniko kulo taksih kepengen ngimpi lan ngimpi lan ngimpi. Kulo ngantuk lan kulo kepengin tilem selami – laminipun. And here I am, lost in thought again.

No comments: