Thursday, August 24, 2006

Penak Meneng ora Caturan

Sampun dipun buktekaken mbok bilih karma meniko saged dipun turunaken wonten putro lan putrinipun utawi dipun turunaken wonten panguripan mbenjangipun. Menawi karma meniko mboten dipun bayar, karma meniko badhe terus dipun turunaken ngantos karma meniko dipun bayar. Sedoyonipun kedah dibayar. Punopo ingkang dipun pundut kedah dipun bayar.

Kito sedoyo namung mbayar punopo ingkang sampun dipun damel kaliyan tiyang – tiyang ingkang sampun dipun ciptakaken kalian Hyang Widhi sakderengipun. Sedoyonipun dipun warisaken, dipun turunaken lan kedah dipun lakoni. Lajeng, kok njih taksih wonten mawon njih tiyang ingkang sombong, ingkang sami ngapusi, ingkang munafik, ingkang ngumbar nafsu, ingkang rumongso mongkok, ingkang sampun rumongso puas kaliyan sedoyonipun, ingkang kesupen kaliyan sedulur, ingkang mboten mangertos bilih kito sedoyo meniko namung semut – semut ingkang pados panguripan lan mbayar punopo ingkang sampun dipun lakonaken. Punopo injih meniko karma tiyang – tiyang meniko? Karma supados tumindak kados punopo ingkang sampun kulo sebutaken sakderengipun.

Keseimbangan. Njih, keseimbangan. Sedoyonipun betah keseimbangan. Menawi wonten tiyang ingkang sombong, mesthi wonten tiyang ingkang lembah manah. Menawi wonten tiyang ingkang munafik, mesthi wonten tiyang ingkang tansah ngendikan bab punopo ingkang leres lan kedah dipun laksana’aken. Menawi wonten tiyang ingkang kesupen dateng seduluripun, mesthi wonten tiyang ingkang tansah celak kaliyan seduluripun. Menawi wonten ingkang munafik, mesthi wonten tiyang ingkang jujur. Ananging mbok bilih tiyang – tiyang meniko saged mangertosi mbok bilih badan kito meniko namung alat. Namung cuwilan daging ingkang dipun dihembus kaliyan ruh.

Duh dewo, kulo nyuwun supados tiyang – tiyang meniko dipun gugah lan saged rumongso bilih kito sedoyo meniko namung wadah kagem panguripan saderengipun. Supados pengangen – angen dumateng donya ingkang toto tentrem lan rahayu saged dipun gegayuh. Kito sedoyo betah meneng lan tumindak luwih wicaksono. Ananging wicaksono meniko katon gampang ananging sisah dipun lakonaken.

“Seseorang tidak bisa disebut sebagai orang bijaksana, hanya dikarenakan ia banyak bicara, akan tetapi, orang yang terbebas dari kebencian dan ketakutan, juga tidak melekat pada apapun serta penuh damai, barulah pantas disebut sebagai orang yang bijaksana” (Dhammapada XIX, 258)

Panguripan menika mboten gampang. Ananging wonten tiyang – tiyang ingkang pados sedoyonipun gampang. Tiyang – tiyang menika ngendikan mbok bilih panguripan menika namung sepisan, panguripan meniko namung mampir ngombe, namung singkat lan kita sedoyo saged dipun panggil kaliyan Hyang Widhi kapan mawon. Njih, namung mampir ngombe. Ananging ngombe amargi karyo ingkang keras kagen kasucenipun ati. Ngombe banyu sucinipun panguripan sejati. Namung sepisan kagem mbayar karma sakderengipun.

”Easy is the life of a man who is shameless, bold like a crow, a fault finder, insolent, impudent and corrupt. Hard is the life of a modest one who ever seeks purity, is detached, humble, clean in life and reflective” (Dhammapada XVIII, 244 – 245)

“Bagi orang yang tak tahu malu, hidup terasa mudah. Ia berani maju terus seperti seekor burung gagak. Ia suka memfitnah dan suka membual, orang seperti ini, penuh dengan noda! Bagi orang yang rendah hati dan sederhana, yang berhati – hati dan penuh pengendalian dri, hidup terasa lebih sulit! Terus menerus berusaha membersihkan kotoran batin, tidak melekat dan tidak menipu, juga tidak berbuat lancang, Ia menuju hidup suci dengan penuh kesadaran”

Sumonggo kito sedoyo mulai anggenipun pados banyusucinipun panguripan, makaryo supados dados wicaksono. Mboten gampang, ananging banyusuci ingkang wonten dasar saget dipun gayuh lan pendhet. Ngolah roso lan jiwo. Ngolah kamurnenipun ati lan pikiran. Sumonggo kito sedoyo mulai.

Lan kito pribadi sedoyo mboten piyambakan.

Matur nuwun.

No comments: