"Bocah – bocah ayu kemayu ….
Mloka – mlaku karo ngguya- ngguyu …"
Guneman seko njeron ati
Guneman kang tansah miris ono ing ati
Mboten mangertosi maneh menopo ingkang dipun padosi
Di ati – ati malah ndadi
Di semi – semi malah mati
Dikandani malah kemlinthi
Sawangen to bocah kae
Ayu kemayu tansah mesem wae
Kok yo ra iso koyo ngono wae to kowe
Wis, wis, wis, rasah dipikir sing jero
Nek pancen ra duwe opo – opo
Yo rasah dipaksakke to
Dilakoni wae nganti tuwo
Sangsara kan lumrah to cah
Sangsaramu durung mesthi sangsarane wong liya ah
Kejeron mikir? Lha yo rasah!!!
Nang netraNe kabeh ki podho
Pancen urip nang ndonya ora podho
Nasib uwong yo ra podho
Lha wong pangarep – arep yo ra podho to?!
Sing dipilih sing maarai bedo
Wis rasah owel
Opo ingkang salah kudu ditekel
Opo ingkang bener kudu dicekel
Ngguya – ngguyu, mesam – mesem ora mesthi bahagia kok
Prengat – prengut ora mesthi susah kok
Dienteni wae lah, kabeh – kabeh ono mangsane kok
Lha malah mikir nek jamanne wis jaman edan
Yo ben wae maling diwenehi jabatan
Jarenne sih nek ra edan, ra kumanan
Lha ngedan wae po?
Subscribe to:
Post Comments (Atom)

No comments:
Post a Comment